Rabu, 20 Maret 2013

Ringgit Purwo



A.    Ringgit Purwa Dipersani Saking Bahasa

                Ringgit purwa inggih punika wayang ingkang diserat saking bayangan. Dados ringgit purwo inggih punika bayangan saking sifat-sifat ingkang wonten ing jiwa manungsa kang dilakokake kalian tokoh-tokoh fiktif dalang. Sifat-sifat manungsa punika kayata kebajikan, jahat, murka, lan liyane.
Ringgit purwa punika sae, amargi migunaake basa jawi kawi. Sakprene basa jawi kawi mboten diagem malih kalian tiyang jawi, napa malih cah enom. Amargi globalisasi tiyang sakniki luweh seneng ngangge basa asing tinimbang basa jawi. Basa jawi sakniki dianggep katrok, kuna kalian bocah enom sakniki. Tapi, mboten sedoyo bocah enom supe kalian basa jawi, wonten ingkang tasih mbudayaake basa jawi. Masyarakat sak niki nggih sami ngagem basa jawi, nanging mboten basa jawi kawi inggih punika basa jawi campuran.
Biasane ingkang tasih ngagem basa jawi kawi punika tiyang sepuh lan tiyang ingkang tasih wonten kraton. Amargi sampun dados kebiyasaan lan tata tertib ing keraton. Basa jawi kawi inggih punika basa ingkang pernah bekembang ing pulau jawi zaman kerajaan Hindhu-Budha ingkang diagem panulisan karya sastra, mulane disebut basa jawi kuna.


B.     Ringgit Purwa Dipersani Saking Budaya

          Ringgit purwa ingih punika budaya Indonesia ingkang kedah dilestariake. Budaya kita ampun kecolongan malih. Kita kedah nglestariake budaya ingkang wonten ing negara kita lan ngenalke ing dunyo kita gadhah budaya ingkang sae-sae lan kedah wajib dibanggaake.
            Ringgit purwo identik kalian jaman rumiyin sahingga tiyang ingkang remen mirsani ringgit warsa sakniki tiyang sepuh. Jarang bocah enom seneng nonton wayang amargi isin dianggep kaya tiyang sepuh lan kuno. Padahal ringgit purwo sampun diakui UNNESCO kebudayaan ingkang nggumunake ing cerita narasi lan warisan ingkang ratri amargi moten wonten ingkang gadhahi kecuali Indonesia. Ringgit purwa luwih kathah ing Jawi Tengah lan Jawi Wetan. Jawi kulon luwih kathah wayang golek.
            Sampun wayahe generasi enom nggelar kreatifitas ingkang fokus kalian kebudayan tradional Indonesia. Khusus ing pagelaran kang dadikke setunggal unsur modern kalian tradisional, sehingga saget diterima kalian generasi enom.

C.     Ringgit Purwa Dipersani Saking Seni

Ringgit purwa dilakokke kalian dalang. Dalang inggih punika tiyang ingkang nglakokake tokoh-tokoh wayang, dalan critane wonten ing astanipun dalang. Dalang diiwangi kalian penabuh gamelan lan waranggana.
Biasane dalang gadhah rewang khusus kangge ngatur wayang sak derengipun pementasan dimulai lan nyiapke tokoh wayang kang dibutuhake dalang ing cerita.
Dalang punika mimipin jalaning cerita, lan crew ing alur ceritane. Kedah kekompakan antara dalang lan crew. Dalang dituntut ngertos karakter tokoh ing pewayangan, lan kedah ngertos gendhing.
Penonton saget nonton wayang saking wingking layar mawon. Wayang kulit dipun lakokke kalian dalang ingkang dados narator dialog tokoh-tokoh wayang, lan diiringi musik gamelan lan tembang sing dinyanyikke sinden. Dalang nglakokke wayang kulit saking wingking layar, sehingga para penonton ingkang wonten ing samping layar saget ningali bayangan wayang ingkang wonten layar kang disinari kalian lampu minyak. Wayang ingkang ditancepake dalang ing set kanan punika kumpulan tokoh kebajikan, bilih set kiri inggih punika tokoh ingkang angkara murka. Penonton kedah ngertos tokoh-tokoh wayang, sahingga ngertos ceritane. Ringgit purwa biasane main 7-8jam.
Dalang mboten saget asal milih lakon kang badhe disajikke, wonten kathah praduga, inggih punika :
1.      Jenis wayang ingkang diginaaken kangge alat peragaan
2.      Kapercayaan masyarakat ing sekitare
3.      Keperluan diadakke pertunjukan kasebut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar